spongebob squarepants

spongebob squarepants

Jumat, 21 Juni 2013

iklan terbaru

Kunjungi Mallibo Shoes.....
terdapat sandal dan sepatu yang keren-keren untuk cewek dan cowok.... 
quality ekspor dan impor.....
diskon besar-besaran dari 20% hingga 30%


dapatkan segera.......

hanya di Pasar Raya Sriratu atau Kediri Mall....

lantai 2.......

buruaaaannn!!!!!

keburu kehabisan.........

stok terbatas loooch......

 



Minggu, 09 Juni 2013

MAS AGUNG DAN GOGON

 Mas Agung : Heh, Lek Gon...timbang nglamun iki aku nduwe bedhek'an anyar meneh..
Gogon Joss : Opo meneh....
Mas Agung : Kowe ngerti karepe upacara temu manten kae, gene kok ndadak nganggo ditemukke barang? Gogon Joss : opo yow...nganu, supayane mantene gathuk, lan temu rasane, nyawiji antarane lanang lan wadon..
Mas Agung : Wah, yo pinter jebule....!
Gogon Joss : Wong kene kok,...
Mas Agung : Lha iki terusane....manten kae kok ditimbang dipangku bapak'e, karepe piye iku njal?
Gogon Joss : karepe, manten iku podo abote, ora ono bedane anak'e karo mantune, ngono...
Mas Agung : We lha, isonan jebule...!!!
Gogon Joss : Lho piye to?ku kan wis tau nglakoni...nek kowe kan durung tau, mulane takon
Mas Agung : Ngece ik....
Gogon Joss : Wis takon opo meneh?
Mas Agung : Lha terus Kacar kucur kae opo maksude?
Gogon Joss : Wong lanang aweh guno, koyo nafkah marang wong wadon, biso ngayani, ngayomi lan ngayemi.
Mas Agung : Wah...jan pinter tenan kowe,Lek Gon....
Gogon Joss : Aku ki mboh kok....
Mas Agung : Iki sing terakhir, geneyo manten kok terus mangan sego punar?
Gogon Joss : Mantene kroso luwe, terus mangan, ha...ha..ha....
Mas Agung : Wooo....Iki jelas nek ngawur, kumat....
Gogon Joss : Mulakno ndang rabi, ora usah takon - takon wae
Mas Agung :He..he..he..!!!!!